Sabtu, 04 Juli 2009

Karna Tandhing

Karna Tandhing

Perang Bharatayuda wus ngentekake kurban pirang-pirang. Katemben wae rayi nata Ngastina Prabu Suyudana yaiku Raden Dursasana gugur ing rananggana Tegalkurusetra. Prabu Duryudana ngutus Adipati Karna supaya enggal tumandang. Karna nyaguhi lan kanthi wahana rata kinusiran Prabu Salya tumuju ing Tegal Kurusetra. Prabu Siwikarna lan Prabu Suryagupala minangka senopati pengamping.

Ing tengah
ing dedalan lakune Sang Karna cinegat dening Raden Sanjaya kang bakal sabiyantu Para Pandhawa. Sulayaning rembug dadi pancakara, Sanjaya gugur dening Adipati Karna dene Patih Jayasemedi gugur sampyuh klawan Patih Hadimanggala(Patih Ngawangga).

Dewi Srikandhi ngadang lakune Sang Karna lan dadi pancakara. Srikandhi ginawe pangewan-ewan dening Adipati Karna. Banjur ngeblas wadul marang garwane yaiku Raden Arjuna. gelising kandha Arjuna kanthi awahana rata kinusiran dening Sri Kresna ngadepi krodane Sri Karna Basusena.

Adu olahing keprigelan kang pungkasane adu jemparing. Nalika Sang Karna nedya nglepasake jemparing K
yai Tulak Balak, Prabu Salya nggenjot kendaline kreta temah oling lepase warastra amung ngenani rikmane Dyan Janaka. Dening Prabu Kresna, Arjuna kaparingan topong satemah ora geseh sarambut pasuryane klawan Adipati Karna. Nalika Raden Janaka nglepaske jemparing kyai Pasupati ngener janggane Prabu Karna pejah kapisanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar